Selasa, 13 September 2016

Cerkak Basa Jawa


Kanca ing Sawetara Wektu


Tania lan Nara mlaku-mlaku ing taman ndelengi arek cilik-cilik dolanan lan mlayu-mlayu. Derekke patrah seneng nyawangi arek cilik, dolanan karo arek cilik, lan guyon-guyon kaleh arek cilik. Amarga taman iki dadi panggonan ngumpule arek cilik ing wayah sore utawa preian Tania lan Nara sering mara ing taman iki. Nganti-nganti satpam sing jaga tamanne sampe apal karo arekke.

Nanging dina iki ora kaya dina-dina biasane, Nara ngerasa ana sing nganjel nanging arekke bingung karasaan nganjel kui mau opo. Nara sing emang rene pengen nyegerne pikiranne, gak pengen mikir sing abot-abot, maleh arekke ngusahakne ora keganggu karo kerasaane arekke sing ora penak.

Beda Nara, beda neh Tania. Tania malah wis mlaku ndisiki lan marani ayunan sing ana ing pinggiran taman. Ora ana beban sing dirasakne Tania ora kaya Nara.

“Hee, enteni aku ta tan. Mblayu dhewe. Wooo…” Bengok Nara sing ngerasa ditinggal karo Tania sing wes mlayu rodo adoh saka Nara.

Tania sing kerasa dijak omong mandheg lan madep mburi “Cepet ta, hla awakmu sui. Mlaku sui, gak dang due pacar loh!”

“Opo enek hubungane yoan.” Nara geleng-geleng karo mlayu marani Tania.

Sabanjure kui, Tania lan Nara mlaku bareng ning ayunan sing sering diarani bandulan. Ning kunu Tania wes ngejak omong-omongan arek cilik sing ana ning sandinge, nanging Nara nyawangi apa ae sing ana ing taman kui mau. Rasa gaenake arekke tambah nemen pas dolanan bandulan kui. Senajan Tania omong-omongan karo arek cilik sing lucu, biasane garai Nara yo ketularan gabung omongane saiki Nara ora minat.

“Tan, awakmu ngerasa gak penak apa ora?” Takok Nara ning Tania sing wis ora omong-omongan neh karo arek cilik.

“Gak penak pie si?”

“Yo gak penak. Aku ketmau kok ngerasa ana sing nyawangi adewe to?”

Amarga ekspresine Nara sing ketoke tenanan, Tania maleh ketut wedi masio arekke ga keroso apa-apa “He, aja ngunu. Wedi aku malian. Wong nde kene akehhe ibu-ibu karo arek cilik kok, gausah ngerasa aneh-aneh.”

Nara cengengas cengenges nyawang ekspresine Tania sing wedi “Alah awakmu apusan kan?” Takok Tania neh

“Eh, ora. Tenanan iki aku, aku ketmau ngerasa enek sing nyawangi awakdewe.”

“Yawes lah, anggep wae fans.”

Ngerungokne wangsulane Tania kaya ngunu marai Nara gregeten. Pungkasane Nara panggah ngoleki apa sing ngawe arekke ngerasa gak penak. Kabeh uong sing ana ing taman disawangi siji-siji. Sampek ndek kunu ana arek sing garai Nara rada aneh, arek wedok lungguh nde sandinge prusutan, lan ning sandinge ana arek lanang sing bagine Nara lueh tuwa saka arek wedok kui.

Nara mikir, apa arek iki sing ketmau nyawangi. Apa arekke kerasa-kerasaen ae, kan gaenek alesan arek wedok kui mau nyawangi Nara lan Tania terus. Tambah disawang, Nara tambah rada yakin yen arek wedok kui patrah sing nyawangi arekke lan Tania, amarga pancen wiwit mau sawangane arek wedok kui nde Nara lan Tania.

Nara nyenggol lengenne Tania “Eh, deloken mbak kuwi sing lungguh ing pinggire plurutan.”

“Mbak seng gae klambi biru ta? Napo emange?”

“Heem. Kok ketoke nyawangi adewe terus ya? Apa mbak kui sing patrah ketmau nyawangi adewe?”

“Seng mbok sawang mbake apa mase seng nde sandinge?” Tania njarak Nara sing ketokane luwih merhatekne seng ana ing sandinge mbake.

Nara melototi Tania seng malah jaraki arekke “Tenanan mbak. Deloken ta Tan, mbake nyawangi kene ae. Nyawangi adewe.”

“Iyo se, alah gak popo sing nyawang mbake ae. Nek sing nyawang mase kui, baru awakmu bingung. Haha..”

“Mbuh wes tan -___- ”

---

Seminggu sabanjure kajadean kui, Nara nyelot kerep kapetuk utawa papasan karo mbak seng ana ing taman. Kadang-kadang yen Nara lan Tania mara ing taman malah mesti ketemu mbake kui. Amarga penasaran, Nara pengen marani mbake lan takok, apa arekke lan Tania ndue salah karo mbake kok disawangi terus.

Nara saiki lungguh-lungguh ing panggonan sing biasane digae mbake lungguh, ngenteni mbak kui mau teka ing taman dina iki. Tenan, ora sui Nara ngenteni mbak kui teka, karo mase sing kae didelok Nara pisan. Mbak kui mau nyawangi Nara, Nara yo nyawangi mbake.

Nalika Nara ndelok mase kuw i ngadoh saka mbake, Nara marani mbake kui mau. Sakjane Nara yo gak wani marani mbake, nanging piye maneh tinimbang gae pikiran lan njaradis ora bisa turu, maleh Nara manek-manekne marani mbake.

“Mbak, sepurane sakdurunge.” Omong Nara menyang mbak kui

Arek sing ana ing ngarepe Nara ekspresine rada wedi “Ngeh, napa mbak?”

“Aku kok ngerasa sampeyan ningali aku lan kancaku terus ya mbak? Napo adewe due kejaden apa ngunu sing garai mbake ngunu?” Takoke Nara kalem

Arek wedok kui mau meneng terus geleng “Mboten kok mba, sampean lan kancane sampean mboten salah napa-napa.”

“Nanging bener sampeyan kan sing ningali kula lan kanca kula mba?” Arek wedok kui mau ngangguk

“Wonten napa emange mba?” Takok Nara

“Anu.. mba” Arek wedok kui mau wedi

“Eh, napa mba?”

Arek wedok kui ngomong irih “Aku pengen kancanan kaleh sampean lan kancane sampean mbak, tapi gak wani marani.”

Nara mesem menyang mbake “Gausah wedi ngunu to mbak. Kan sampean pengen kancanan gak salah. Aku karo kancaku mesti wae ora bakal kabotan.”

“Aku Azzahra Rahma, sampeyan nyeluk Rahma gak popo.” Omonge Rahma karo mesem ombo.

“Aku Nara Atisa, yen kancaku sing kae Tania Putri.”

Sabanjure kenalan, Nara lan Rahma omong-omongan tentang apa ae sing bagine cocok digae topik omongan. Nara ya janji marang Rahma yen bakalan ngejak Tania sing apene dikenalne karo Rahma. Bagine Nara, Rahma areke apikan. Kesan pertaman wektu Nara kenal Rahma, Rahma iku arekke isinan lan menengan.

Nanging yen omong-omongan karo Rahma, Nara kerasa enak, mergakne Rahma arekke nyambung yen dijak omong-omongan, genah apa sing dimaksudne Nara. Meh mirip karo Tania, mung bedane Tania lueh srek karo Nara masio Rahma ya padha garai Nara seneng yen dijak omong.

Ora kerasa yen wektu tambah sore, srengenge wes apene ilang. Wong lanang sing mau ngeterne Rahma wes mapak arekke, tibakne kui mase Rahma. Aku lan Rahma pada-pada pamitan balek lan janjian dolan maneh kapan-kapan, ngejak Tania pisan.

---

Dina minggu iki, Nara, Tania, lan Rahma janjian dolan bareng. Masio gaenek seng ngerti arepe dolan ningdi, sing penting ngumpul disek. Dina iki yo wes meh 2 ulan Nara lan Tania kenal karo Rahma. Tibakne Rahma gak meneng pas pertama-pertaman ae, nanging nganti saiki Rahma emang arekke meneng, kalem, lan apikan.

Akeh pangalaman-pangalaman Tania lan Nara semenjak kenal Rahma. Salah sijine kaya sering diomongi sing meh mirip karo ceramah yen Tania lan Nara lali sembayang, yen guyon kenemenen, lan liyane.

Metu-metu bareng yo wis ora mung pisan pindo, Nara, Tania, lan Rahma wis metu lan dolan ningdi ae sing menurute areke kui panggone apik lan seru. Kabeh dilakoni karo arek telu kui, kerasa arek kui kaya kembar ning endi-endi bareng. Ora jarang gae klambi kembar, sing sering diarani kelambi couple.

“Eh, sepurane aku telat.” Rahma teko karo ngos-ngosan gara-gara mlayu.

Nara lan Tania mesem “Gak papa kok. Ngenteni awakmu telat gak ngarai aku depresi kok.” Guyone Tania.

“Hehe, ayo apene ningdi iki?” Takoke Rahma

“Nonton ae gelem gak? Pengen aku.” Usule Nara

Tania nyawang Rahma “Pie ma? Gelem kan?”

“Ora ana alasan gae nolak ae. Ayo budal.” Omonge Rahma lan ngandeng Tania lan Nara.

Ing tengah-tengah dolan, Nara ngerasa ana sing aneh saka Rahma. Omongane sing gak kaya biasane, polahe sing gak meneng ae saiki, lan sering nyawangi Tania lan Nara maneh kaya pertama kaline kenal. Nanging Nara meneng ae, tiwas garai dolanne gak penak. Nara yo ngaggep kerasaan kui mung pikiran-pikirane ae.

Seminggu sak wise nonton kui, Tania lan Nara ora iso ngubungi Rahma, sms Rahma yo gak dibales, pokoke ilang kabeh kontak karo Rahma. Nara lan Tania wis ngeroso ana sing aneh, soale ga biasane Rahma ngene. Pikiran-pikiran aneh pada muncul ing pikirane Tania lan Nara.

---

Rahma nyawangi kabeh apa sing ana ing kamar rumah sakit seng dienggoni areke. Ana rasa kesel, kesel nemen marang apa sing kajaden marang deweke. Bukanne Rahma lagek ngerasakne kamar rumah sakit, nanging arekke wes bosen keseringen meneng ning kamar rumah sakit. Amarga atrah ket cilik areke sering melebu rumah sakit.

Pikirane Rahma ana ing Nara lan Tania, kanca anyare arekke. Amarga ket cilik atrah Rahma jarang, iso diarani gak duwe kanca secede iki karo Nara lan Tania, ngawe Rahma tambah kesel ning rumah saket. Pengin dang balek lan iso kumpul karo kancane neh.

“Dek, sampean sesuk pindah rumah sakit. Dadine saiki sampean istirahat ae.” Omonge Mase Rahma.
Rahma sing gaeroh ape dipindah bingung “Napo mas kok aku dipindah?”

“Rumah sakit kene wis gaiso nyanggupi berobate sampean nde kene. Sampeyan disaranne pindah nde luar negri dek, mangkane saiki istirahat sesok adewe pindah.”

Rahma sing kaget mung iso meneng, dadi yen arekke pindah rumah sakit pada ae arekke ninggalne Nara lan Tania. Nanging, Rahma yo sadar yen penyakite atrah wes parah, lan areke yo kudu manut menyang mase lan wong tuane kanggo keapikane arekke pisan.

“Mas, aku wes ngawe surat gae Nara lan Tania. Sampeyan paringne ya mas bariki? Soale ape tak tambahi neh surate.” Mase ngangguk karo mesem.

---

Kanggo Nara lan Tania,
Iki aku Rahma, sepurane yo aku gak ngabari utawa ngomongi sampean. Aku saiki nde rumah sakit, aku sajakne yo ga gelem nde rumah sakit -_- gelemku dolan lan ketemu awakmu maneh. Tapi pie neh, aku wes wayae nde kene :’). Sesok aku pindah rumah sakit, pindah nde luar negri. Sing aku dewe yo gaeroh ning Negara endi. Sepurane ya yen aku ndue salah marang awakmu kabeh lan aku omong matur nuwun wes gelem dadi kanca cedekku. Sampean apik-apik ya nde kunu, aku bakal ndongakne teko kene. Mugo-mugo adewe ketemu maneh. Aminn

Tertanda,
Azzahra Rahma

Sabanjure Tania lan Nara maca surat kui, arek loro kui langsung jaluk tulung nde mase Rahma ben diterne ning rumah sakit sing nangani Rahma saiki sadurunge dipindah. Mase langsung ngeterne Nara lan Tania ning rumah sakit lan ngejak ning kamar inape Rahma.

Tania lan Nara langsung ngerangkul Rahma sing lagi meneng turu ing nduwur kasure. Tania lan Nara njaluk sepuro amarga gak ngerti masalah penyakite Rahma. Arekke ngeroso dadi kanca sing ga tenanan nanging kui uduk gara-gara arekke.

“Aku bakalan dongakne awakmu ben ndang kebebas saka penyakitmu.” Omonge Tania

“Aku percoyo yen awakmu lueh kuat ketimbang kanker darahmu. Aku bakalan dongakne sing terbaik gae awakmu.” Omonge Nara

“Amin.. Matur suwun.” Jawabe Rahma ning kanca-kancane.

“Mugo-mugo awakdewe iso ditemokne maneh.”


TAMAT

Tidak ada komentar:

Posting Komentar